Posting pertama
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى عَلَى مَا خَتَمْنَاهُ مِنَ
الدِّرَاسَةِ. وَنَسْئَلُ نَفْعَهَا لِنُنْذِرَ بِهَا اَهْلَ الْقَرْ يَةِ. وَنَدْ عُهُمْ
إِلَلا سَبِيْلِ رَبِّنَا بِالْحِكْمَةِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ إِبْنِ عَبْدِ اللهِ,
وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَا بِهِ وَمَنْ وَالاَهْ وَعَلَى
مَنْ أَقَا مَ هَذِهِ الْمَدْرَسَةِ.
وَمَنْ عَلَّمَ وَتَعَلَّمَ فِيْهَا لاِعْلاَءِ كَلِمَةِ
اللهِ. اَمَّا بَعْدُ
Sa’derengipun kulo ngaturaken nopo ingkang dados beban kawulo, langkung rumiyin kulo muji syukur dateng Alloh SWT ingkang sampun paring Rohmat Nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehinggo kito sami saged karoyo-royo, saget bertemu, berpadu lan bersatu wonten ing majelis puniko kanthi keadaan ingkang sehat wal afiat.
Ingkang
kaping kalehipun mugi-mugi tambahipun Rahmat Ta’dzim Alloh tetep dipun
limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho dumateng poro
ahli keluarga lan sohabatipun.
Ingkang
kaping tigonipun kulo ngaturaken matur nuwun dumateng sederek pembagi acara
ingkang sampun mempercayakan penuh dumateng kawulo, sa’perlu nyampeaken
sambutan atas nama wakil sedoyo siswa-siswi, khususipun siswa-siswi kelas tiga
tsanawiyah, ingkang sekedap maleh bade ninggalaken bangku sekolah wonten ing
Madrasah puniko.
Poro
Rawuh ingkang kulo hormati !
Sesuai
kalian fungsi sangking tugas kawulo inggih puniko mewakili sangking sedoyo
siswa-siswi khususipun siswa-siswi kelas tigo Tsanawiyah wonten ing madrasah
puniko. Wonteng ing mriki kawulo ngaturaken matur nuwun ingkang sa’agungipun
dumateng Poro Bapak Kyai, soho sedoyo dewan Asyatid ingkang sampun jerih payah
ngorbanaken jiwa raga, tenaga, lan fikiran. Boten pandang wekdal, siang utawi
dalu, panas utawi jawah sak perlu mendidik soho membina dumateng kawulo
sa’konco awit milahi mlebet wonten ing madrasah mriki sehingga wekdal puniko
saget dipun wastani Tamat tingkat tsanawiyah. Wonten ing mriki kulo sa’konco,
boten saget bales punopo-punopo atas jerih payahipun, utawi jasa-jasanipun Poro
Bapak Kyai, lan Bapak Guru, kejawi kulo namung saget ngaturaken….
جَزَا كُمُ اللهُ أَحْسَنَ الْجَزَاء كَثِيْرًا
Mugi-mugi Allah SWT ingkang bales jasa-jasa utawa jerih payahipun Poro Bapak Kiyai, Bapak Guru lan Ibu Guru kanti balesa ingkang sa’sahe-sahenipun, soho ingkang katah. Amien yaa Robbal Aalamien.
Poro
Bapak poro Ibu soho Hadiri sedoyo, selajengipun kulo sa’konco ngaturaken sedoyo
kalepatan dumateng poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru wonten ing madrasah puniko,
sebab kulo sa’konco sering damel susah payahipun poro Bapak Kiyai soho poro
Bapak Guru sami ugi wonten ing sa’lebetipun Madrasah utwai wonteng ing
jawinipun madrasah. Pramilo sepindah kulo nyuwun dipun aliraken samudra
kemaafan lahir lan batin.
Ingkang
terakhir kulo nyuwun barokah do’a restu dumateng Poro Bapak Kiyai soho Bapak
Guru, mugi-mugiu sedoyo ilmu ingkang sampun kulo pelajari sangking madrasah
puniko, sageto manfaat maslahah lan barokah saget manfaati lan barokahi
dumateng pribadi kulo, masyarakat agami, lan negari ingkang akhiripun saget
dados lantaran kangge taqorrub dumateng Alloh, soho ndadosaken sababiyahipun
khusnul khotimah. Amieen.
Lan
mugi-mugi sak sampunipun kito tamat sangking tingkat tsanawiyah puniko sageto
nerusaken dateng tingkat sa’terusipun sehinggo saget hasil lan tercapai nopo
ingkang kito cita-citaaken. Amien.
Kintenipun
cekap semanten atur sangking kawulo awal ngantos akhir sedoyo kelepatan kulo,
kulo nyuwun agengipun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته